Wednesday, May 18, 2011

BUNGKRUNG

Bungkrung kue dolanan sing maraih gelis kencot.   Mulane aku wegah nek dolanan bungkrung nang wulan puasa.   Bisa ndlosor gasik ora taren.  Apa jane sih bungkrung kue , ?.  Permainan kiye sederhana.  Umpamane bocah wolu di bagi rong kelompok berarti papat papat.  Rong kelompok kue mau berlomba ngincer bata siji sing ditata ngadeg sekang jarak jauh. Jarake di tentokna umpamane 15 meter.  Sapa sing bisa ngincer nganti rubuh bata kue mau, umpamane kang kelompoku ana sing bisa ngincer nganti rubuh, berarti kelompoku menang. Sing kalah sekang kelompok liane kudu nggendong bolak balek sekang  papan sing nggo ngincer bata nganti tekan bata sing nggo sasaran, bolak balek.  Manfaate ujarku ya apik, kena nggo olah raga gendongan, tapi ya kue mau, nek wulan puasa aku ora sanggup, maraih setane pada pating sliwer prentah kon nginum.

No comments:

Post a Comment