Tuesday, May 10, 2011

DON DONAN

Don donan utawa gadelan Modale kudu due gambar wayang sing di potongi cilik cilik ukurane kira kira 5 X 3 Cm.  Gemiyem nek selawe  perak tuku maring kancane ulih gambar 50 iji.  Carane main kaya wong dolanan kertu, umpamane bocah papat, sing siji dadi bandar, sing telu masang. Gole masang sekuate sing arep pasang. Gambar wayang di kocok kemureb, terus di dumi loro loro.  Nomer sing nang pojok tengen gambar di jiot angka sing mburi terus di jumlah.  Umapane angka 10 karo angka 15 berarti 0 + 5 Jumlaeh 5.  nek urung puas bisa njaluk gambar siji maning maring bandar, jenenge Don.  jumlah lima done angka 15, berarto 5 + 5 = 10 = 0 Nek hasil mburine nol berarti sempluk utawa lecet. pasangane  langsung di tarik nang bandar.  sing jumlaeh pada karo bandar  kue ya di tarik bandar, nek sing ulih angka sanga bayarane Dobel.
Bubar Sekolah ora bali ngumah langsung ngedepeng nang padon Sekolahan utawa pojok Bale Desa, Bocahan pada nggrombol kaya Kalangan ipyik.  Biyen urung ana keramik, plesteran semen nganti meling go klosod, ora urus biyunge gole ngumbaih.  Seneng banget rasane nek ulih jumlah angka sanga.  Aku paling sengit nek ulih Gambar Togog utawa gambar celeng.  Mesti apes.  Gambar togog angkane 40 dadi mburine nol. Gambar celeng angkane 47, nek ulih telu don ulih celeng dadine lecet.  Nek bandare urung tobat esih ayuh bae.  Jam loro tembe pada bubar.  Weteng kencot mono, ora salin salinan klambi mbukak sair  ( tutup sega karo lawueh ), langsung mapan madang.  Sering tekan ngumah wis langka apa apa, gesek be gari ndase thok.  Jane ya kepengin nangis, kawit esuk urung madang. Tapi biyunge malah prentah kon aja bali sisan.
Dolanan Don donan jane ya termasuk judi, tapi ana manfaate semending, Pelajaran bahasa jawaku bijine gede  , masalaeh aku apal maring jenengan wayang.

No comments:

Post a Comment