Wednesday, May 25, 2011

Gendingan

Kemutan jaman samana, lagi aku esih kelas papat SD , Nek ndelengna almarhum bapak lagi lenggah nang lincak nyanding rokok sriwedari, kopi tubruk, karo maca koran, trus ang sebelaeh ana meja cilik go wadah tip rekorder merk panasonik di stel gending kutut manggung condro lukito, jaaan gayeng pisan kowh ketone. Bapak ora  perduli Ibuku nang pedangan tulung tulung, jagone wis sore urung keton karo maning  bebek urung di empani.  Jane nek tek rungok rungokna gendingan kue jan pancen enak di nikmati nang kuping.  Sedulur kabeh , kie aku due gendingan , nek pada doyan gending gending jawa ya pada di download   : 
2.  Dandanggula Koncotani 
3.  Dandanggula turu lare 
4.  Kebo giro temanten
5.  Kutut manggung 

No comments:

Post a Comment