Wednesday, May 25, 2011

Dadi Wayang Tobong

Wis tau krungu istilah wayang tobong urung lur ?, nek sing wis tau dadi wayang tobong utawa kecanduan nonton kethoprak nang tobong mesthi ngerti.  Tobong kue artine Bangunan sing di gawe darurat nggo pranti pentas kethoprak saben ndina.  Nek sing dadi pemeran kthoprake di gawe istilah "wayang ".  Dadi wayang tobong kue artine wong sing tukang main kethoprak nang tobong.  Uripe nang tobong kethoprak ora tau bali ngumah, senajan uripe nelangsani, mangan se nemune, tapi sing jeneng wong seneng seni , ya tetep pada seneng.  Rasane nek wis nganggo sandangan kethoprak, Nganggo bengkung, blangkon , bross samir sing pating brelik, raine di bengesi, waaah , pokoke rasane seneng, lewih lewih nek ektinge bisa nyenengna penonton.
Nang  tobong kethoprak kue mau due Pimpinan.  Pimpinan utawa Pengasuh Kethoprak jenenge bass. Bass kue sing nanggung jawab mbayari wayang wayange, lha kang ndi duite mas ?,  Sumbere ya sekang hasil dodolan karcis penonton.  Pembayarane di gawe kelas kelas.  Wayang kelas A , kue sing perane abot, umpamane peran utama, peran dadi Raja, Dagelan , lan lia liane , terus wayang kelas B, ya kue peran sing ora pati abot lan kemampuan aktinge urung patia pinter.  Terus wayang kelas C, ya kue peran sing entheng, ora mbutuhna kemampuan ekting sing pinter.
Dadi wayang tobong perkara rejeki gari bejan bejanan.  Nek sing nonton rame ya bisa go mangan, nek langka sing nonton ya pada priatin bareng.  

No comments:

Post a Comment