Sunday, May 8, 2011

LITHONGAN

Gemiyen Jenenge Lithongan , nek sekiye jenenge petak umpet, wong ostrali ngomonge hide and seek, intine pada bae, sing kalah hompimpa masang, tungkup,liane umpetan.  Gole umpetan werna werna , ana sing ngrusek nang ganyongan, nang jumbleng, nang prapingan, ngisor gedang, nang blumbang.  sing urung tau lithongan kaya kie carane. Umpane bocah lima ya, Hompimpa, sing kalah tungkup nang nggon sing wis di tentokna sedurunge , umpamane Togor bale desa, sing papat umpetan. nek wis krungu suara duuuuuggg, berarti wis kena di goleti.  Lha Togor mau aja nganti di mek nang sing umpetan.  Nek sing umpetan bisa ngemek togor tanpa kewenangan berarti esih menang.  sing Kewenangan gole umpetan disit dewek kue mengko sing tungkup.
Gemiyen aku senenge lithongan bantingan.  Lithongan bantingan kue umpane bocah 5, sing tungkup sji, sing papat umpetan, sing kewenangan gole umpetan di banting , trus puthil , gelut nganti salah sijine tobat.  neng sing kalah sing umpetan berarti dadi balane, melu nggoleti sing telu, kayakue seteruse, di kroyok.
Biasane Lithongankue nak suasanane terang, padang wulan, jan pendeken, seneng banget rasane.  Bubare nganti tekan jam 2 mbengi.  Gari adus trus tembe mapan turu.   Ra urus tes blangsakan nang jumbleng turune tetep angler.

No comments:

Post a Comment