Sunday, May 8, 2011

NYOLONG JERUK

Nek kiye udu jenis permainan, tapi jaman gemiyen wis go pedinan nang bocah bocah.  Nek mangsan woh wohan, Rabutan, jambu, blimbing apa jeruk kue nggo makanan pokok nek mbengi.  Aku mangkat ngaji maring Mesjid nggawa onthor, wong gemiyen urung ana listrik.  Sempor kue pring di sogi latung ( lenga tanah ) nduwure di tutup gombal. Biasane nek bali ngaji sempor tek nggo  ngobor jangkrik. Tapi manfaat liane go ngecoh Pak Kadus , etok etok nitor blimbing, padahal kebon jeruk sing nang mburi ngumah di rontog bocah bocah. 
Bali kang mesjid rencana di mulai.  Strategi diatur. sidang anggota nang togor bale desa. Sing biasa mangkal bocah lima.  Sarunge Haryanto  sing ambune paling apek sepakat go wadah hasil Operasi.  Aku wektu kue paling cilik, dadi ming trima nggawa sempor etok etok nitor blimbing.
 Kancaku bocah papat mbukak pager gethek padon kebonan .  kemratak swarane, dela dela krungu swarane Gutho sing pancen lambene wegah meneng.  Krisik krisik tapi seru, " heehh, belah ngkene kie sing wis pada mateng " , Saridin karo kesuh nyauri " cocote aja brisik bae ngapa sih "  , Gutho ora meneng malah semaur, " dikandani ngkene kie kowh, ".  Tapi bar semaur kaya kue, mbuh anu kepriwe ijig ijig " byuuurrr ",   Sempor sing nang tanganku tek sipet.  swarane seru banget mbokan sing due umah krungu senajan mandan adoh jarake.  Bar kue krungu swara nyekikik.  Remeng remeng kesorot wulan tanggal tua, bocah telu ngrubung , tumpukan lemah.  Aku sing nang njaba pager langsung paham masalaeh.  Bocah telu esih pada nyekeli weteng ngguyu di tahan.  jebule Gutho kepleset mlebu jugangan sumur sing biasa nggo nyiram tanduran .  Aku melu ngguyu kekel weruh Gutho mentas kang jugangan lithi lithi di tanting Haryanto.  Saridin karo marno tambah geget weruh siraeh gutho kebek damen.  Kantong  sarung sing wis mandan akeh isine bisa di jiot, tapi jeruke pating krampul nang banyu sumur. 
Deeegg... , mak tratab weruh clorot  senter kang sebelah kidul , cilaka, pak Bau krungu.  " sttttttt , sing due ngeneh , "  Ngomong kayakue aku karo mlayu.  Bocahan papat  nang jeron pager pada melu giprit mlayu.  Bolongan Pager sing nggo mlebu mau cukup go mblodos bocah siji ,  go rebutan disit disitan.  

No comments:

Post a Comment